HLHLP-031

sebelum>>| awal>>| lanjut>>

Laman: 1 2 3 4 5

Telah Terbit on 11 Oktober 2010 at 00:01  Comments (100)  

The URI to TrackBack this entry is: https://pelangisingosari.wordpress.com/hlhlp-031/trackback/

RSS feed for comments on this post.

100 KomentarTinggalkan komentar

  1. Antri HLHLP-031, Ngger!

    • Kalah lagi. Hebat Ki Widura.

    • mboten usah antri Pak De

      • MATUR SUWUN
        Ki Ismoyo, nGGer Satpam dan KiArema …
        Ooohh wis podo sare tho! …..

        Langsung ngunduh ….. dan bisa dipakai rondha malam sendirian ….

        • Sugeng siang Pak De
          dereng saged tilem niki

  2. Sugeng enjing Pak Satpam.
    Sugeng enjing poro kadang sedoyo.

    • Sugeng enjang Ki Arga!

  3. Nuwun

    Wanci lingsir wêngi Cantrik Bayuaji sowan. Ngaturakên agunging panuwun dumatêng Ki Arema sakulåwårgå. Dapet ‘bingkisan kado’ buat putu-lanang. Matur nuwun.

    Dumatêng pårå kadang sutrêsna padépokan pêlangisingosari, Cantrik Bayuaji nyuwun idi palilah badé “nêmbang” kidung lingsir wêngi”.

    NJUMÊNÊNGI RATRI AMRIH CAKÊT MRING GUSTI

    Wêngi ditêgêsi bédå-bédå antarané wong siji lan sijiné. Ånå kang nganggêp yèn wêngi iku pådhå karo pêtêng kang nyålåwadi. Ing kamångkå kahanan pêtêng rapêt sêsambungan karo laku durjånå lan tindak culikå kadurakan. Ånå sêsêbutan golongan pêtêng, laku pêtêng, lan ugå lêmbu pêtêng. Jin sétan priprayangan pådhå guyu sukå-sukå nggêgodhå janmå ugå jumêdhul ing madyaning ratri kang wingit. Tan mokal yèn akèh pawongan kang wêdi mêtu ing wanci bêngi.

    Sapérangan bêbrayan ånå kang nêgêsi yèn lakuné wêngi bakal jumujug ing kahanan sêpi. Sajroné wêngi anané mung lali. Lali marang kasunyatan kang kita sumurupi ing alam padhang. Wêngi nyåtå bakal nggåwå kita urip ing alam impèn kanggo nglêlipur driyå amrih biså nglalékaké sêsanggan aboté urip. Muhung anèng sajroné impèn kuwi kitå biså ântuk jawaban pitakonan-pitakonan kang ginèmbol ing sajroné ati. Iku maknå wêngi tumrap manungså sing uripé isih sinangsåyå mring kahanan. Bédå karo wong-wong mulyå sing nganggêp yèn wêngi iku kåyådéné alam kaswargan kang éndah.

    Nêng Ning Nung Nang

    Wêngi saktéméné dudu wanci kang mêdéni lan nggêgirisi kåyå dêdongenan wong-wong kunå sing ndhêlik ing guwå nalikå têka grahånå rêmbulan ngirå lamun rêmbulané ilang ditadhah kålåmångsaa déning Hyang Bathårå Kålå. Tumrap pawongan kang dhêmên ngasah landhêpé batin lan mêrsudi waskithané pangêsthi, wêngi iku biså dadi sarånå kanggo tumuju kâmênangan urip kanthi dalan nêng ning nung lan nang. Nêng ning nung nang iku sâkawit mujudaké swårå dhasar gamêlan.

    Nêng. Têmbung ‘nêng’ asale såkå têmbung jumênêng. Wêngi iku kudu dijumênêngi utåwå diêdêgake. Kåyådéné wismå, supåyå wêwangunan wismå biså ngadêg mêsthi mbutuhaké cagak. Cagaké awak iku sikil nanging cagaké sirah dudu gulu. Cagaké muståkå iku nêtrå. Sâkå pangêrtèn iki mulå ånå têmbung cagak lèk..

    Ånå adicårå jagong sêpasaran bayèn utåwå muyi, maknané mêlèk sajroné pupak pusêr, mulå pådhå tirakatan. Kanggo cagak lèk pådhå kidungan, nêmbang måcåpatan utawa tadarusan.

    Njumênêngi wêngi mêsthiné diprayogakaké kanthi dalan sing bênêr yaiku nindakaké manêmbah lan nikêlaké anggoné éling mring panguwasaNé Gusti Kang Måhå Rumêkså.

    Ing piwulang Islam disêbutaké yèn saprotêloné wêngi sing pungkasan iku klêbu wêktu kang adi, mulå pådhå disunnahaké ngakeh-akehi nindakaké ngibadah. Adaté dongå lan panyuwunan kang diunjukaké marang Gusti ing wanci iki ugå bakal kasêmbadan.

    Ning. Têmbung ‘ning’ têgês hêning lan ugå wêning. Kanthi njumênêngi wêngi mulå bakal bisa ngrasakaké swasånå kang hêning. Ratri kang têrus tumapak biså dirasakaké. Ing kahanan kang bangêt nyênyêt kitå biså ngrasakaké kêtêkê jantung, mêlar mingkusé nafas, prasasat tumiyupé samirånå, obahé gêgodhongan, pirêmbugané kutu-kutu walang atågå biså rinåså kanthi cêthå malélå. Åpåmanèh lamun kitå biså ngrasakaké gantiné dinå ing madyané ratri, ånå råså sing ora biså ginambaraké kanthi rêroncéné têmbung lan dawané andharan. Kanthi nglatih ngrasakaké hêningé ratri kitå biså nglatih amrih tumuju ati kang wêning. Wêningé ati biså mènéhi pituduh dalan bêbênêr lan biså ugå nyumurupi dalan luput.

    Nung. Têmbung ‘nung’ têgês kasinungan. Kasinungan iku pådhå waé atêgês kapanggonan. Kasinungan ing kéné nuduhaké kapanggonan dåyå. Lamun biså duwé ati kang wêning mulå nyumurupi dalan bêbênêr lan luput wus mêsthi titah iku bakal kasinungan dayå kaluwihan kang manékå warnå. Ånå kang ditambah kawaskithané, ngèlmu agung, dåyå linuwih, kapintêran, kâsabaran, lan manékå warnå kanugrahan liyané. Wong kang kasinungan iku biså diarani ântuk wahyu (hanung) kang bakal murakabi kanggo diri pribadi, kulåwargå, lan bêbrayan agung. Hanung iku nuduhaké sih kanugrahan lan kawêlasané Gusti Kang Måhå Kawåså marang kabéh para titah.

    Nang. Têmbung ‘nang’ biså ditêgêsi mênang utåwå wênang. Pawongan kang wus kasinungan utåwå ântuk hanung biså diarani manungså kang mênang. Mênang sajroné urip têgêsê biså nguwasani urip. Mênang karo såpå? Dudu mênang sajrone pêrang pancåkarå lan nguwasani sâpådhå-pådhå titah nanging mênang lumawan babahan håwå sångå. Manungså sing biså ngalahaké nafsuné dhéwé têgês ântuk kâwênangan ngrasakaké kamardikan lair batin. Ing kamångkå ing jaman iki ora ånå manéh pêrang sing luwih gêdhe kajåbå pêrang lumawan håwå nafsu. Wong sing uripé kalah yåiku wong sing dadi kawulané håwå nafsu lan pêpénginan kadonyan. Yèn kåyå mangkono nyåtå urip iku musprå tanpå gunå awit jantrané uripé tumuju dalan sing agawé kêblingêr.

    Nuwun

    cantrik Bayuaji
    11 Oktober 2010 M/ 03 Dhul Qodah 1431H

    *)Terjemahannya menyusul, atau jika ada di antara pårå kadang berkenan untuk menterjemahkan. Månggå

  4. sugeng enjang
    ngisi absensi njur turu neh

  5. Alhamdulllah masih bisa hadir dengan no urut 10

  6. Nyubuh…
    Malam ini kutak dapat tidur
    Wajahmu terbayang selalu…

    • Wajah-ipun sinten Pal Lik sing terbayang selalu?

      • keokeokeo…niku sebuah lagu spesial kagem panjenengan Om Satpam….khan kolowau ndalu ngendikanipun mboten saged nyare…..

        • O….
          matur suwun

  7. Lantaran cucu Ki Arema yang wajahnya penuh senyu, lonthar 031 pun dapat diundhuh, suwun Ki

  8. Anugerah bagi Ki Bayuaji, dengan lahirnya cucunda tersayang, selamat…..selamat…..nderek manghayubagya.

    Ki Arema,
    Tidak ada keberatannya sama sekali, rontal sudah ada di bangsal pusaka padhepokan…..segala sesuatunya menjadi kewenangan padepokan…..purbowasesa nyumangga-aken ingkang mbahureksa…..he he he.

    • Matur Suwun Ki Ismoyo,
      Sudah dapat sinyal dari Ki Arema, kalau nGGer satpam bisa wedar sehari satu …
      MATUR SUWUN very very much

      • Aamin

        Subhanallah, syukron, matur nuwun Ki Ismoyo,

        Semoga Allah selalu melimpahkan rahmat dan memberikan balasan kebahagiaan berlipat ganda di dunia ini dan kelak di akhirat kepada Panjênêngan dan keluarga.

        Aamin.

    • Alhamdulillah
      Matur suwun Ki Ismoyo, sampun maringi palilah kado kagem wayahipun Ki Bayuaji.
      Nanti saya sampaikan kepada beliau (he he .., mungkin beliau sudah baca sendiri, biasanya sebelum berangkat kantor menyempatkan tengok padepokan, demikian juga begitu datang di kantor kalau pas tidak ada pekerjaan yang mendesak).

  9. Hadu….

    Aneh banget

    Beberapa waktu yang lalu Ki Wiek dicekal oleh Satpamnya WP, semua komennya masuk spam.
    lha sekarang, pak satpam yang bertugas nyekal komen para cantrik malah dicekal oleh Satpamnya WP.

    Masa, harus buat surat ijin masuk gandok untuk dirinya sendiri. he he ….

    Kenapa ya?

    • barangkali harus menampakkan wujud aslinya,..karena selama ini WP baru mengenal dari penampakannya saja…hiks

      • lho…?!?

        lha wong saben dinten nggih “mecungul” ngaten lho Pak Lik, lha kom sik dianggep penampakan.
        lho…, lho…. (ngadep ngalor-ngidul-ngulon-ngetan karo gaya kaya model sing lagi gaya)

        mugo-mugo gak dicekal maneh

        • Alhamdulillah…
          setelah diprotes sekarang sudah tidak dicekal lagi

        • amiiinnn…nek dicekal terus wedarane mesthi seret mengko

          ayoo ONOB : One Day One Book …..

          • One Day One Book niku ODOP sanes ONOP. he he …
            Nopo OWOP kemawon, One Week One Book, he he .., mblayu…

          • balik maneh…

            weh…, mau ngralat kok malah kliru
            ODOP = ODOB
            OWOP = OWOB
            he he

          • njih pun..kulo nurut..

            berarti rak sarujuk tho ODOB ..

          • SDSB bae ki, Sak Dina Sak Buku, ben sing sepuh-sepuh angkatane ki pandan bisa nostalgia jaman pasang buntutan resmi nasional jaman gemiyen…

          • wekekeke…

            Lah koq lali tho Mi,…aku khan sering nongkrong neng warungmu nek pas bukaan SDSB ….

          • Nggih mboten bakal lali to mbah, wong utange panjenengan durung dilunasi nganti saiki..

          • lah jare ra sah dilunasi..iso nggo pangeling-eling suk nek wis tuwo….

            utangmu piro tho Mi..?

          • Lho sing ngutang sakjane sing endi tho yoo….mbok kulo nderek kutangan….

          • he he …
            kamu ketahuan …
            punya hutang, belum dibayar …

          • Sing utang ya jelas sing ngeles.. Nggih niku pak satpam, kula bade lapor, mbah pandan mbok dicekal mawon niku sederenge mbayar utange..

          • He..he..he..utang janji njihh….

          • sak jane yo jelas…
            sing ngutang ora mungkin aku lho…

            Nek Padmi, kuwi jelas kemungkinane fifti2… iso ngutang ..iso juga ora ngutang..

            hiksss………..

          • Ora nek awan..nek bengi? qiqiqiq….

          • Angger pas jenenge ganti Pandan Wangi kae lho mbah!

          • ..O..Jebul nek mbengi Ki Pandan sing ngutang..

            Nek awan Ni Kp sing ra ngutangan tho..xixixi

          • wah…lali tenan aku…lah wong nek bengi kerep ngutang Padmi je…

          • Kiye angger ning ADBM kaya “orang berwajah kasar” sing “berhasil mendesak Sekar Mirah, bukan karena ilmunya yang mapan, tapi karena kata-katanya yang membuat perut menjadi mual”

          • lah nek mulai mual2 mbok ndang digowo neng bengkel tho…

          • uwis ah… ra meh adu argument ro sliramu Yayi ….

            aku ngaku kalah… nyerah bongkokan…wis meh diapakno aku yo gelem…

          • Lho koq ke bengkel…ke ndokteran tho Ki…

          • he3,…dokter-e lagi
            ada diBENGKEL ki,

          • hiks….hiksss…
            ki Menggung kekaleh rawuh…Nimas Padmi langsung nyolong playu ninggal glanggang…

          • Hiks..hikss… sesuk Ni Mas Padmi ulang tahun je Ki….ayo digodho wae nganti nangis …

          • we lah…

            saestu ki…kulo koq mboten dikabari njih…nopo mergo kulo asring ngutang…hiksss

          • Nek panjenengan pun mboten usah dikabari Ki….lha genah wis ngutang je..xixixi

    • Sekarang sudah nggak dicekal lagi kok.
      Alhamdulillah.

  10. Selamat pagi,
    Matur nuwun sampun unduh p Satpam.
    @ Ki Arema dan keluarga :
    Semoga tabah dlm menjalani cobaan, dan selalu tawakal karena kita yakin itulah yang terbaik dari yang memberi hidup.
    @ Ki Bayuaji:
    Selamat atas kelahiran cucu ke-3 nya.
    Salam buat kadang PDLS semua.

    • Aamin

      Subhanallah, syukron, matur nuwun Ki wiek,

      Semoga Allah selalu melimpahkan rahmat dan memberikan balasan kebahagiaan berlipat ganda di dunia ini dan kelak di akhirat kepada Panjênêngan dan keluarga.

      Aamin.

  11. Assalamu’alaikum, selamat pagi semuanya..
    Brrrrr… pagi ini nang tlatah bogor uadem tenan..
    uenake turu neh, tapi harus kerja, kerja dan kerja..
    Ayo semangat para Kadang PDLS…!!!!!

    • dak kancani piye…ra sah kerjo

      • Luwih enak dikancani ro kerjo….

      • lha-lho, kemaren2 sing nganCANi ni NoNa
        sapa ki….??

        • Hi Ki YuPram & Ki Kartoj, pha kabar? kemana aja…? kog dah jarang ngik-nguk padepokan neh…
          Nah iki ae wis akeh sing ngancani aku kerjo Ki…
          Sa’padepokan lagi..

          • seminggu kemaren lagi ikut
            peLATIHan ni,

            peLATIHan menjinaken kerbau
            ning sawah,..basa jawa-ne:
            “memBAJAK gaya INDIA”

          • Weh..Ni Miss Nona…ya ke mbogor tho miss…kan mau ngancani..hikssss

          • hikss, sing ning mBOGOR
            niku si mBAHe ni NoNa ki,

          • ..O..yo wis ra po2 lah..tak ngancani mbah-e wae..xixixi

  12. HADIR ki,

    Ikut berbahagia atas suksesnya acara perNIKAHan Putra Ki Jogotirto.
    Ikut berbahagia atas lahirnya si CUCU laki-laki
    Ki Bayuaji.

    Ikut berdoa dan berdoa semoga anak mantu ki SENO
    cepat sembuh.

    Eeh-Eeh lali,…matur nuwun rontal2-e pak SATPAM

    • Dangu mboten pinarak Ki
      Nembe tindakan ayake
      Oleh-olehipun pundi?

      • he3, ki pak SATPAM….ada ki pesti ada

        mau yang BUNTELan apa mau pilih POLOSan

        • Kulo polosan mawon ki,

          • Wo…nek polosan mangke ti’is lho Ki…

          • aya nbaladna, sing ngge anget2 kok ki xixixi

          • ..O..mbaladna anu bodas2 tea ya Ki…eta bajigur kopi jeng santen…(duh ngomong opo tho yo..)..

          • sumuhun ki,
            bilih bade hayang nu bodas, pesen kaliyan ki YP. stock na loba, mbereun….

          • Euleuh2..Ki Wiek ari Ki Tmg YP mah hoyong nu hidueng2 anget tea…sarua jeng bandrek eta kopi jeng jahe !..xixixi

          • reuseup nu bodas ato nu hideung ki?

          • ha3, pak SATPAM sakjane
            sing diOMONG-ke ki Wiek
            opo tho ki…??

            ngerti-ku sing BUNTELan
            memang anget, isih pake
            “ngutang”….!!

            lha POLOSan anget banget, wes ga’pake “ngutang”..!!

          • We lha…sedino iki Ki Menggung YP,Ki Pls,Nimas Padmi dho ngurusi ngutang kabeh….weh nek ngono aku yo melu ah..ngurusi …tali ngutang !

            Ki Wiek ari abdi mah sarua wae lah..!

          • selamat siang ki Wiek,

            lha terjemahane ditaruh
            digandok mana ki,…he3

          • Kulo injih sami kaliyan ki Menggung YP, nggak pakai ngutang, kontan xixixix

          • gandok kiri-kanan sama aja ki.

          • sepintas GEDE-ne kok beda
            ya ki,…??

            kanan lebih GEDE du-ikit,
            he3,

          • dadi curiga :
            ojo2 ki Tmg Karto sering2
            singgah ning GANDOK kanan,

            curiga titik tok,

          • ..mulane gedhe siji…xixixi

          • Hiks…..

          • saweranku wis tinompo Mba Ayu Jeng Miss Nona ?

          • HIKSs….!!

            nduwe ANYAR ki, mbok kulo diSAWETi sisan…he2

          • Sampun Ki, Matur nuwun sanget njih…

  13. matur sembah nuwun langsung ngunduh

  14. ngendikane ki Tmg. KartoJ…sesuk ono sing Ultah…
    monggo nek badhe maringi kado spesial….

    special song for special mentrik

    Ono kidung rumekso eng wengi…
    Swaraning ratri nyenyet hanggawe renteging ati…
    Sopo kae peputri endah manekowarno…
    Katon ayu tan ono tinanding…
    Mripate mblalak2…dian sastro ra kuwowo…
    bangkeane nawon kemit…
    alise mbulan sepisan…
    sikile nyutang walang…
    tangane nggendewo pinentang…
    pituture alus tanpo noise (angel boso aluse)…

    SELAMAT ULANG TAHUN KE-21 NIMAS PADMI

    • paraf sek ki…!!! mumpung durung keDHISIKan
      ki Tmg Karto,

      kado-ne sesuk ae,…buntelan sing iki kleru
      nggo 25 th keATAS

      • ikutan paraf ki,
        (ssst, aku juga kleru bawa buntelan u/ 40 th ke atas)

        hiiks

        • ra sah dibuntel…polos2an wae…paling2 masuk angin..kwkwkw

          • Wah..koq mbalik nang ti’is maneh…piye tho yoo…

          • ki Wiek, buntelan nggooo
            usia 40 disawet-ke ning
            kulo kemawon…hiks-hiks

            ki PLS, ki Karto ra sah
            diKIRIMi….“sawanen”

          • XI XI XI XI XI, Hikkss…

          • xixixixi, crit….

          • Sendiko ki,

            hiiiks

  15. tidak ikut lek-lekan, langsung ngundhuh.
    matur nuwun.

  16. Waduh, rep nang ngomah dalanan muacet tenan piye tho iki, mumet temenan iki

    • nginep wae miss,
      ngancani pak hansip kantor :p

  17. gandhok 32 kudu ndang dibukak…..
    nek ora, malah podho mbahas buntelan ro utangan…

    blaik tenan…dudu aku sing mulai lho ki Satpam

  18. Segerrrr….

  19. P’satpam, pos siapa yg jaga, kog kosong neh…
    Yo wis aku sekalian deh ikutan ronda lagi sambil nungguin mami..
    Tapi kayaknya sebentar aja ach soalnya mami dah mulai ngantuk…lumayan bisa ikutan tidur neh

  20. Kok Adem ya bengi iki …..
    Tak gawe wedang jahe …. disit..


Tinggalkan Balasan ke Widura Batalkan balasan