SBB-26

kembali | lanjut >>

Laman: 1 2 3

Telah Terbit on 1 Februari 2012 at 00:01  Comments (18)  

The URI to TrackBack this entry is: https://pelangisingosari.wordpress.com/sbb-26/trackback/

RSS feed for comments on this post.

18 KomentarTinggalkan komentar

  1. ||Sugêng énjang||

    Benar khan, komen SBB 25 mencelat mencolot. Koq bisa ya!? HIks.

    Matur nuwun Ki Nakmas Sat. Pam.
    Sugêng rawuh. Sukses buat Ki Nakmas Sap. Pam
    Bagaimana hasil mêsu-rågå laku tåpåbråtånya ?

    Apa mau seperti Kanjêng Panêmbahan Sénåpati Ingalågå, ketika “bertemu” Kanjêng Ratu Kidul, ikutan tåpå ngèli di Kali Opak Gajah Wong?

    He. he he.

    • Alhamdulillah
      atas doa Ki Bayu dan yang lainnya, hasil yang saya dapatkan melebihi harapan Ki. Target 3.5 dapat 3.75, he he he …..
      matur suwun

      • eeh, pak SATPAM……bagus-bagus-bagus,
        kalo dapet 3.0 bisa di jeWER ki Senopati

        selamat HADIR kembali buat pak SATPAM

        • Bagus……bagus……bagus……..
          lha kok bisa kalah 3-0 to……????
          apa maneh menurut pengakuan pak Satpam malah kalah nganti skor 3-75.
          Lha sakjane kuwi pertandingan apa to…….??????

          Tapi…..bagus77x …….deh!!!

  2. HADIR,

  3. Hadir……….!!!!!!!!

    sak ora orane ndhisiki Ki Menggung KartoJ,
    lha yen karo Ki Menggung YP mesti kalah cepet je…….!!!!!

    njur piye jal…..?????

  4. Nuwun
    Sugêng dalu

    DONGENG ARKEOLOGI & ANTROPOLOGI MATARAM

    DANANG SUTÅWIJÅYÅ
    — de Regering van Panêmbahan Sénåpati Ingalågå —

    Waosan kaping-8. Wedaran kaping-01
    KANJÊNG RATU KIDUL

    ”Perjumpaan” Panêmbahan Sénåpati Ingalågå dengan Kanjêng Ratu Kidul
    Mitos Pertemuan Panêmbahan Sénåpati Ingalågå dengan Kangjêng Ratu Kidul

    Babad Tanah Jawi in proza Meinsma:

    Kacariyos kangjêng sultan punikå kadhatonipun kêkalih, satunggil nåmå ing kuthå Kartå, satunggilipun ing sagantên kidul, sabab Kanjêng Ratu Kidul punikå sampun kagarwå ing kangjêng sultan. Ing sabên-sabên kangjêng sultan amêsthi têdhak anyaré ing sagantên kidul.

    Utawi bilih kangjêng sultan miyos sinéwåkå, pårå jim pêri prayangan inggih lajêng sowan, nanging ingkang uningå namung kangjêng sultan piyambak. Kalih déné sampun misuwur, yèn kangjêng sultan wau sakalangkung sêkti sartå kuwåså, balanipun manungså utawi jim pêri prayangan sami ajrih asih.

    Sebelum Panêmbahan Sénåpati dinobatkan menjadi raja, beliau melakukan tåpåbråtå di Dlêpih dan tåpå ngèli. Dalam laku tåpåbråtånya, beliau nutupi babahan håwå sångå, memohon kepada Gusti Kang Akaryå Jagad. Tuhan Yang Maha Kuasa agar dapat membimbing dan mengayomi rakyatnya sehingga terwujud masyarakat yang adil dan makmur.

    Kacariyos ing sagantên kidul ngriku wontên ingkang jumênêng ratu, wanodyå anglangkungi ayunipun. Ing sajagad botên wontên ingkang nyamèni, anåmå Ratu Kidul, angrèh sawarniné lêlêmbut ing tanah Jawi sadåyå, kålå samantên Kanjêng Ratu Kidul pinuju wontên ing dalêm, pinarak ing kathil mas, tinarètès ing sêsotyå, ingadhêp pårå jim pêri prayangan.

    Kanjêng Ratu Kidul kagèt aningali gègèripun ulam ing sagantên. Sartå toyanipun panas kados ginodhog. Swaraning sagantên anggêgirisi. Kanjêng Ratu Kidul wicantên salêbêting galih, salawasku urip aku durung andêlêng sagårå kåyå iki, kiyé yå généå, åpå kênå ing gårå-gårå, åpå srêngéngé runtuh bakal dinå kiyamat.

    Kanjêng Ratu Kidul lajêng mêdal ing jawi, jumênêng wontên sanginggiling toyå, aningali jagad padhang, botên wontên punåpå-punåpå, amung tiyang linuwih satunggil jumênêng wontên sapinggiring sagantên, angêningakên paningal nênêdhå ing

    Gusti, Kanjêng Kanjêng Ratu Kidul wicantên piyambak. Iku layaké kang agawé gårå-gårå ing sagårå, sartå lajêng sumêrêp ing saciptanipun Sénåpati, Kanjêng Ratu Kidul énggal amurugi, lajêng nyêmbah anyungkêmi sukunipun Sénåpati sartå matur angrêrêpå, mugi sampéyan icalakên susahing galih sampéyan, supados sirnåå gårå-gårå punikå, tumuntên mulyåå saisining sagantên kang sami risak kénging ing gårå-gårå, sampéyan mugi wêlaså dhatêng ing kulå, sabab sagantên punikå kulå kang angrêkså, déné anggèn sampéyan anyênyuwun ing Gusti samangké sampun angsal.

    Sampéyan lan satêdhak-têdhak sampéyan sadåyå amêsthi jumênêng ratu, angrèh ing tanah Jawi tanpa timbang, utawi jim pêri prayangan ing tanah Jawi sadåyå inggih karèh ing sampéyan. Upami ing bénjing sampéyan amanggih mêngsah, sadåyå inggih sami amitulungi, ing sakarså sampéyan sadåya anut. Sabab sampéyan kang minôngkå båpå babuning pårå ratu ing tanah Jawi.

    Sénåpati Ngalågå sarêng mirêng aturé Kanjêng Ratu Kidul, sakalangkung sukå ing galihipun. Sartå gårå-gårå wau inggih sampun sirnå, utawi ulam ingkang sami pêjah inggih sampun gêsang malih. Kanjêng Ratu Kidul nyêmbah sarwi angujiwati, lumampah kondur dhatêng satêngahing sagantên. Sénåpati Ngalågå sangêt kasmaranipun, lajêng anut wingking [wing…]

    […king] dhatêng Kanjêng Ratu Kidul. Sénåpati lumampah sanginggiling toyå kados angambah dharatan. Sadhatêngipun ing kadhaton sagantên lajêng sami pinarak ing kathil mas sakalihan, ingadhêp pårå pêri prayangan. Sénåpati Ngalågå éram aningali kadhatonipun Kanjêng Ratu Kidul, anglangkungi saé, ingkang kadamêl griyå utawi pagêr banonipun sadåyå mas sartå salåkå, karikilipun ing palataran mirah, intên utawi sawarniné pêpêthétan ing pataman inggih sakalangkung saé, wowohan sartå sêsêkaranipun adi-adi sadåyå, ing dharatan botên wontên sêsaminipun.

    Sénåpati wau ênggènipun pinarak adhêdhépélan kémawon lan Kanjêng Ratu Kidul. Sartå tansah anyantosakakên ing galih, émut yèn dédé jinis. Wondéné Kanjêng Ratu Kidul inggih anampèni ing sêmunipun Sénåpati, sartå tansah angujiwati Sénåpati Ngalågå mèsêm sarwi ngandikå dhatêng Kanjêng Ratu Kidul.

    Nimas ingsun arêp wêruh ing pasaréanirå, kåyå åpå rakité. Kanjêng Ratu Kidul matur, sumônggå botên wontên pakèwêdipun. Kulå darmi tênggå, sampéyan ingkang kagungan. Sénåpati astané lajêng dipun kanthi, kabêktå lumêbêt dhatêng ing pasaréan, sami pinarak. Sénåpati alon ngandikå, nimas, ingsun bangêt éram andêlêng paturonirå, layaké caritaning [cari…]

    […taning] suwargan iyå kåyå iki, sajêg aku durung wêruh pêpajangan kåyå iki, sêmbådå lan kang duwé, dhasar ayu biså angrêrakit.
    Ingsun aras-arasên mulih marang Mataram. Bakal katrêm ånå ing kéné, nanging cacadé mung siji, déné ora nånå wongé lanang, yèn ånå wongé lanang kang bagus ibå bêciké. Aturipun Kanjêng Ratu Kidul. Saé lamban, jumênêng ratu èstri kémawon. Ing sakajêng-kajêng botên wontên kang amaréntah.

    Sénåpati mèsêm sarwi ngandikå, nimas, ingsun mugå paringånå tômbå, ênggon ingsun kaédanan marang sirå. Kanjêng Ratu Kidul matur sarwi malérok. Kula botên sagêd ngaturi jêjampi, sabab kulå dédé dhukun, sampéyan ratu agêng, môngså kirangå wanodyå kang ngungkuli ing kulå.

    Sénåpati manahipun kados dèn unggar, Kanjêng Ratu Kidul lajêng pinondhong andumugèkakên karsanipun. Kacariyos Sénåpati anggènipun wontên sagantên kidul tigang dintên tigang dalu, tansah sih-sinisihan kalihan Kanjêng Ratu Kidul.

    Sénåpati wau ing sabên dintên dipun wêjang ing ngèlmunipun tiyang umadêg ratu, ingkang ngèdhêpakên sakathahé manungså lan jim pêri.

    Sénåpati angandikå, bangêt panarimaningsun, ing sakèhé wurukirå, lan ingsun ya pracåyå, balikaning bésuk. Yèn ingsun anêmu mungsuh, kang sun kongkon ngaturi ing sirå såpå,

    wong ing Mataram amêsthi ora ånå kang wêruh marang ing sirå. Kanjêng Ratu Kidul matur, makatên punikå gampil kémawon. Bilih sampéyan karså animbali dhatêng kulå, sêdhakêp suku tunggal, nuntên tumêngåå ing awang-awang, amêsthi kulå énggal dhatêng, sartå kulå ambêktå bålå jim pêri prayangan lan sadêdamêling prang. Sénåpati ngandikå malih, nimas, ingsun pamit mulih marang ing Mataram. Wêwêkasirå kabèh yå bakal ingsun èstokakên.

    Sénåpati sampun mangkat, angambah toyå sagantên kados angambah dharatan. Sarêng dumugi ing Parangtritis kagèt aningali dhatêng sang pandhita Sunan Kalijågå lênggah pitêkur wontên sangandhaping Parangtritis.

    Sénåpati énggal angujungi, sartå angrêrêpå nyuwun pangapuntên, amargi ênggèning ngatingalakên kasaktènipun angambah sagantên botên têlês. Susunan Kalijågå ngandikå, Sénåpati, marénånå ênggonirå angêndêlaké sakti digdayanirå iku, dadi iku jênêngé wong kibir, pårå wali ora gêlêm anganggo kåyå mêngkono, amêsthi bakal kasiku ing Gusti, yèn sirå bakal sumêjå tulus jumênêng ratu, anganggoå sokur ing satitahé baé, ayo marang Mataram.

    Dalam cerita, pada waktu Panêmbahan Sénåpati melakukan tåpå ngèli, sampai di têmpuran atau tempat bertemunya aliran sungai Opak dan sungai Gajah Wong di dekat desa Plered dan sudah dekat dengan Parang Kusumå, Laut Selatan.

    Babad Tanah jawi BP menceritakan bahwa Panêmbahan Sénåpati kejatuhan bintang:

    // Sénåpati Kadhawahan Lintang Sartå Kapanggih Kalihan Kanjêng Ratu Kidul //

    // Sénåpati tarkånirå wani | malêbuå sajroning samodrå | nyåtå éwuh ing nyanané | Sénåpati manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning sang | amurwèng pandulu | sigrå kang prahårå praptå | lésus mêsês bayu-båjrå agêng prapti | akèh kayu rug sêmpal ||

    // sagårånyå gumêtêr awêrdi | toyå wêning lir kadi radityå | sagunung-gunung aluné | pådhåå ing kumumbu | pådhå ngosèk anèng ing tasik | bandêng lawan balanak | ing parang kabêntus | malêtuk utêk sumirat | saking tutuk ludirå têmpuh ing jurit | parang kadi rinênggå ||

    // urang aking pan kadi jinrangking | munggèng parang minå awin ikå | bladhêr têpining gisiké | kang sami maksih idhup | kapanasan pådhå kèh mati | sawênèh ånå minå | minå surakipun | umêsat saking samodrå | tibèng pinggir mugyå araning puniki | mijil nulyå palastrå ||

    // minå pêsut myang ambårå kingkin | gajah minå upåmå prawåtå | bandêng kalawan kalalèn | pådhå malêbèng banyu | ing samodrå toyå lwir api | gajah minå sadåyå | sowang-sowangipun | sartå lan sakèh nguyutan | pådhå kagyat någå ngungsi ing pratiwi | sudirå tan darånå ||

    // tatkalanyå bêlahing jaladri | mapan kalah pånå någågéndrå | palayunirå pan agé|

    kèn balèg jroning banyu | pan lumémbak anèng jaladri | nulyå sirå gumiwang | bubagrå gumuruh | rindhiké pan mawilêtan | kilat thathit angin wétan kidul prapti | toyå cihnå kiyamat ||

    // gurnitanyå pan kagiri-giri | toyå munggah inggiling prawåtå | gumuruh amor mégané | kagyat Nyai Ra Kidul | masilå ring kanthilé manik | sigrå manggung mangrênggang | dènirå alungguh | déning någå kang malaywå | mêtu anon atakut sirå ningali | tasik minggah prawåtå ||

    // Nyai Kidul sigrå dènnyå angling | salawasé ingsun durung mulat | samodrå kåyå mangkéné | ingkang baskårå runtuh | déning toyå sagårå iki | lwir agni ing naråkå | minå pådhå lampus | båyå tå arêp kiyamat | jagat ikå Nyai Kidul mudhun aglis | jumênêng palataran ||

    // Nyai Kidul mulat jagat êning | kang kasônggå dènirå prawåtå | tan ånå jalmå wêwanèh | anging jalmå kang luhung | ånå ngadêg têpining tasik | Sénåpati Ngalågå | nanging kang kadulu | Nyai Kidul sigrå mojar | båyå iki kang gawé laraning tasik | antyå dènirå rusak ||

    // Nyai Kidul mudhun nulyå prapti | pinggir tasik sigrå amangrêpå | abukuh ing palungguhé | sigrå mangsah macundhuk | lawan Sénåpati Matawis | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | Nyai Kidul sigrå praptå | Nyai Kidul mabukuh konjêm ing siti | grananirå myang mukå ||

    // Nyai Kidul lingirå awingit | hèh sang nåtå ilangênå déntå | aru-årå ing têmahé | wagning sagårå kidul | sakathahé isiné iki | kitå adipatinyå | sang nåtå pukulun | pan darbénirå sadåyå | mapan anut sakarsanirå puniki | jin lawan parayangan ||

    // tanpå gawé sirå janmå lêwih | têkå ngrusak gêgawéanirå | sakarså andikå angrèh | yèn sirå darbé kayun | parayangan kalawan êjin | adunên yèn apêrang | ngalahênå mungsuh | pårå ratu tanah Jåwå | yèn sirå yun sinébå ing pårå êjin | tanah Jawi sadåyå ||

    // parayangan bålånirå êjin | ngalahênå mungsuhirå aprang | sirå dadi ratu gêdhé | båpå babuning ratu | anging sirå ing tanah Jawi | Sénåpati Ngalågå | trêp ing manahipun | miyarsakkên aturirå | Nyai Kidul anarkå yèn Mangkubumi | prabu tanpå sisingan ||

    // sarupané minå ing jaladri | kang mati sampun urip sadåyå | samyå lêbdå jiwå kabèh | Nyai Kidul gyå mantuk | Sénåpati nulyå tut wuri | tumamèng ing samodrå | tan têlês ing banyu | sampun rawuh ing kadhatyan | sarêng linggih Ni Kidul lan Sénåpati | raras ati tinêmbang ||

    Tiba-tiba terjadilah badai di laut yang dahsyat, gelombang air pasang mengghantam tepi pantai sehingga pohon-pohon dipesisir pantai tercabut beserta akarnya, ikan-ikan terlempar di darat dan menjadikan air laut menjadi panas seolah-olah mendidih.

    Kejadian ini menarik perhatian Kanjêng Ratu Kidul yang kemudian muncul dipermukaan laut mencari penyebab terjadinya bencana alam tersebut.

    Dalam pencariannya, Kanjêng Ratu Kidul menemukan seorang satria sedang bertapa di tempuran sungai Opak dan sungai Gajah Wong, yang tidak lain adalah Sang Panêmbahan Sénåpati. Pada waktu Kanjêng Ratu Kidul melihat ketampanan Sénåpati, kemudian jatuh cinta.

    Selanjutnya Kanjêng Ratu Kidul menanyakan apa yang menjadi keinginan Panêmbahan Sénåpati sehingga melakukan tåpåbråtå yang sangat berat dan menimbulkan bencana alam di laut selatan, kemudian Panêmbahan menjelaskan keinginannya.

    Kanjêng Ratu Kidul memperkenalkan diri sebagai ratu di Laut Selatan dengan segala kekuasaan dan kesaktiannya. Kanjêng Ratu Kidul menyanggupi untuk membantu Panêmbahan Sénåpati mencapai cita-cita yang diinginkan dengan syarat, bila terkabul keinginannya maka Panêmbahan Sénåpati beserta raja-raja keturunannya bersedia menjadi suami Kanjêng Ratu Kidul.

    Panêmbahan Sénåpati menyanggupi persyaratan Kanjêng Ratu Kidul namun dengan ketentuan bahwa perkawinan antara Panêmbahan Sénåpati dan keturunannya tidak menghasilkan anak. Setelah terjadi kesepakatan itu maka alam kembali tenang dan ikan-ikan yang setengah mati hidup kembali.

    Ingin tahu dongeng Panêmbahan Sénåpati Ing Ngalågå lagi pacaran dan bermalam pertama dengan Sang Permaisuri Kanjêng Ratu Kidul di Istana Laut Selatan. Asyik lho………………………

    Tunggu saja wedaran dongengnya.

    ånå toétoégé

    Nuwun

    cantrik bayuaji

    • Yang sedang dimuat di halaman ini (On 1 Februari 2012 at 22:10 cantrik bayuaji said:). harusnya: Waosan kaping-8.

      Matur nuwun

      • Lho… sing pundi?….
        he he he…, ngapunten gojegan
        sampun dipun leresaken Ki lan sampun dipun tempel wonten gandokipun.

    • matur nuwun Ki Bayu.

  5. Sugeng dalu pak Satpam……….

    bancak’ane rontal 27 langsung diwedhar nggih….?????

    Setuju……

    • nggih setuju, bancakane ndang digelar, matur nuwun

  6. Hadiiiiiirrrrrrrrr………………………..!!!!!!!

    Sugeng dalu.

    • lho kok menceLAT ning ngisor….jan ki Gembleh
      mateg aji tameng waja ayak-e.

  7. Hadiiiiiirrrrrrrrr………………………..!!!!!!!

    Sugeng sonten.

  8. Katur Ki Bayuaji, kulo tenggo dongeng saklajengipun.
    Matur nuwun, sugeng dalu poro kadang sedoyo.

  9. hadiiirrrr

    • Saya hadir juga, NGINTHIL Ki Bancak,
      ndisiki Ki Menggung….!!!


Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: